Senin, 04 Juni 2018

Bangga Menjadi Pelajar Indonesia yang Berwawasan Kebudayaan Dengan Sastra Geguritan Jawa

Geguritan punika saking Tembung gurit ingkang ateges tulisan tatahan, kidung, tembang (Poewadaimta, 1939), dene miturut Subalidinata (1994:5), geguritan inggih punika iketaning basa ingkang memper syair (syair Jawa gagrag Enggal). Geguritan migunakaken tembung rinengga supados Endah lan nyengsemaken. Isi geguritan nggambaraken lakuning manungsa ing alam donya, kadosta srawung dhateng sapadha, Pamuji miring Gusti utawi raos tresna dhateng kaendahan alam. Geguritan ingkang sae ngemot unsur-unsur kados ing andhap :
  • Cekak, ateges ukaranipun cekak mboten nggladrah
  • Mentes, ngemot piwulang saha pitutur gesang
  • Tembung-tembungipun pinilih
  • Endah, saged ngemot parikan, wangsalan, utawi purwakanthi



B. Geguritan Gagrag Lawas lan Geguritan Gagrag Enggal
Geguritan saged kepareng dados 2, inggih punika geguritan gagrag lawas saha geguritan gagrag enggal.
1. Geguritan Gagrag Lawas
Titikanipun geguritan gagrag lawas inggih punika :
a. Dipunnwiwiti kanthi ukara “ sun gegurit “
b. Dhong-dhing swanten ing pungkasan Gatra kedah runtut (guru gatra)
c. Cacahing Wanda saben setunggal gatra kaliyan gatra sanesipun kedah sami
d. Cacahing gatra boten tinamtu ananging limrahipun sekawan gatra
Tuladha :
Sun gegurit,
Watekewong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2. Geguritan Gagrag Enggal
Geguritan gagrag enggal sipatipun mardhika, boten kanker pangeran bab cacahing Wanda menapa dene gatra. Geguritan gagrag enggal mboten ngangge ukara “sun gegurit”. Geguritan gagrag enggal saged dipunwastani puisi Jawa modern utawi puisi Jawa bebas.
Tuladha :

Petenge Sang Surya
Dening : Nurul Istiqomah
Yogyakarta

Bakal tiba wayahe
Ora usah diitang-itung
Para kyai, ilmuwan, kang misuwur
Tan bakal bisa

Kabeh wis ana takdhire
Dene wis kaserat ing dalane

Apa padha bisa?
Nglakoni ing Pangarep

Sang Surya Wis mati
Ora bakal tinemu
Muspra, lebur
Baladewa ilang gapite


C. Maos Geguritan
Anggrek pun Maos geguritan kedah nggatosaken 4 perkawis, inggih punika :

1. Wicara (basa, pocapan, lafal)
Nalika maos geguritan pocapan kedah cetus, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upamanipun mbedakaken aksara a/o;t/th;d/dh.

2. Wirama (lagu/irama)
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pendudut daya tarik tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun keselarasaken kaliyan isining geguritan.

3. Wirasa ( penjiwaan )
Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upamanipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa, getun, lsp.

4. Soraya (Solah bawa, gerak, pasemeon/raut muka)
Ebahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos katingal kadamel-damel.


D. Nyerat Geguritan
1. Damel irah-irahan
2. Milih tembung ingkang mentes, saged ugi ngginakake dasanama, wangsalan, parikan, lan purwakanthi
3. Wiwit nyerat geguritan


E. Wosipun Geguritan
Wosipun geguritan wonten 3 aspek ingkang kedah dipungatosaken inggih punika :
1. Sifat seni utawi fungsi seni
Puisi minangka karya sastra fungsi estetikanipun unggul ing salebetipun isi geguritan ngemot unsur-unsur puitik tuladhanipun persajakan, diksi, irama, majas.

2. Kepadatan puisi
Minangka ekspresi esensial amargi geguritan menika mampet lan pendhet satemah pangripta geguritan milih tembung kanthi premati.

3. Gaya bahasa
Majas utawi lelewaning basa Jawa ingkang sinebat purwakanthi. Kapendhet saking tembung Purwa ingkang tegesipun wiwitan lan gandheng ngambali (mbaleni) swanten, huruf utawi tembung ingkang sampun kasebat ing seratan saderengipun.

Sumber : Buku Piwulang Basa Wursita Basa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kumpulan Puisi Remaja

Bangga Menjadi Pelajar Indonesia yang Berwawasan Kebudayaan Dengan Sastra Geguritan Jawa

Geguritan punika saking Tembung gurit ingkang ateges tulisan tatahan, kidung, tembang (Poewadaimta, 1939), dene miturut Subalidinata (199...